Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Francis Leggatt Chantrey
|
---|
Potret dhiri (sakiwa-tengene 1810)
|
Kondhang ing
| pematung
|
---|
Sir Francis Leg(g)att Chantrey
(lair ing Norton,
Sheffield
,
7 April
1781
– pati ing Sheffield,
25 November
1841
ing umur 60 taun) inggih punika satunggaling
pematung
Inggris
saking
era Georgia
. Francis Leggatt Chantrey nilaraken
Wasiat Chantrey
utawi
Pendanaan Chantrey
kangge mundhut karya-karya seni kangge nagara ingkang taksih wonten saking 1878 bibar sedanipun sang garwa ingkang dados randha.
Francis Leggatt Chantrey wiyos wonten ing Norton celak
Sheffield
(nalika dados peranganing
Derbyshire
) papan minangka bapakipun ingkang dados tukang
kayu
gadhah lahan tetanen ingkang alit.
Bapakipun tilar donya nalika Francis Leggatt Chantrey umur 12 taun
[1]
; lan ibunipun krama malih, nilaraken Francis Leggatt Chantrey tanpa masa depan ingkang cetha. Nalika umur 15 taun, piyambakipun myambut damel wonten ing satunggaling penyade ing Sheffield. Bakat seninipun kapanggih dening
John Raphael Smith
juru gambar lan pematung ingkang lajeng paring piwulang babagan nglukis dhateng Francis Leggatt Chantrey.
[2]
Taun 1802 Chantrey mbayar £50 supados boten magang malih kaliyan Ramsay (sanajan namung gadhah wekdal 6 wulan kangge nglayani). Lajeng Chantrey damel studio gambar minangka seniman potret ing Sheffield. Chantrey ngempalaken arta kangge pindhah dhateng
London
.
Chantry pikantuk pakaryan minangka asisten pemahat kayu, nanging wonten ing wekdal ingkang sami taksih setya minangka pelukis potret, ingkang damel patung
dhadha
lan damel model saking lemah. Dipuntakeni ing pagesangan salajengipun, minangka saksi wonten ing sidang, menapa piyambakipun nate nyambut damel marang pematung sanes. Piyambakipun mangsuli: "Boten lan menapa keluwihanipun, kula boten nate satunggal jam kemawon nampi dhawuh saking satunggaling pematung ing gesang kula".
[3]
Chantrey dhateng
Dublin
papan piyambakipun gerah lan sadaya rikmanipun ical.
[1]
. Lajeng Chantrey pindhah dhateng London lan ngawontenaken pameran lukisan ing
Royal Academy
ing saperangan taun saking 1804. Nanging saking 1807 langkung condong ing karya pahat. Pemahat
Joseph Nollekens
nedahaken remenipun dhateng bakatipun Chantrey. Taun 1807 piyambakipun kagarwa keponakanipun, Miss Ann Wale,
[2]
ingkang gadhah saperangan properti kagunganipun piyambak. Karya pahatan imajinatif ingkang kapisan punika model mustaka
Satan
ingkang dipunpameraken ing Royal Academy taun 1808. lajeng piyambakipun ngayahi pakaryan kangge
Rumah Sakit Greenwich
4 patung dhadha kanthi ukuran kolosal saking admiral
Duncan
,
Howe
,
Vincent
lan
Nelson
; lajeng kanthi rikat pamoripun nyebar saengga karya patung dhadha salajengipun ingkang dipundamel punika
John Horne Tooke
saengga pikantuk komisi kanthi aji £2.000.
Karya-karya Chantrey punika kathah sanget, salah satunggal ingkang wigati punika patung
George Washington
ing wisma praja ing
Boston, Massachusetts
; ugi
George III
ing
Guildhall, London
;
George IV
ing
Brighton
;
William Pitt
ing
Hanover Square, London
;
James Watt
ing
Westminster Abbey
lan ing Glasgow (ugi satunggaling patung dhadha katambah
William Murdoch
, ing
Greja St. Mary, Handsworth
);
William Roscoe
lan
George Canning
ing
Liverpool
;
John Dalton
ing
Manchester Town Hall
;
Lord President Blair
lan
Lord Melville
ing Edinburgh, lan sanesipun. Patung ingkang nitih
turangga
paling kondhang punika Sir
Thomas Munro
ing
Kolkata
,
Duke of Wellington
ing ngajengipun
London Exchange
lan satunggal karya
Raja George IV
ing
Alun-alun Trafalgar
. Ingkang pungkasan punika karya mawi bayaran ingkang dipunsuwun kanthi rikat dening raja piyambak kangge dipunpapanaken ing sanginggilipun
Marble Arch
ngajeng
Astana Buckingham
.
[4]
- D. S. MacColl,
The Administration of the Chantrey Bequest
, by (London, 1904), a controversial publication by the leading assailant of the Royal Academy;
- Arthur Fish,
Chantrey and His Bequest
(London, 1904), a complete illustrated record of the purchases, etc.;
- H. J. Laidlay,
The Royal Academy, its Uses and Abuses
(London, 1898), controversial;
- Report from the Select Cornmittee of the House of Lords on the Chantrey Trust
, together with the
Proceedings of the Committee, Minutes of Evidence and Appendix
(Wyman & Sons, 1904), and
Index
(separate publication, 1904).