한국   대만   중국   일본 
Emiliano Zapata - Wikipedia Menyang konten

Emiliano Zapata

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Emiliano Zapata Salazar
Jendral Emiliano Zapata
Lair ( 1879-08-08 ) 8 Agustus 1879
Anenecuilco, Morelos , Meksiko
Pati April 10, 1919 ( 1919-04-10 ) (umur 39)
Chinameca, Morelos , Meksiko
Liberation Army of the South

Emiliano Zapata Salazar (lair ing Morelos , kidul Meksiko , 8 Agustus 1879  – pati 10 April 1919 ing umur 39 taun) wujud salah satunggil pamimpin salebetipun Revolusi Meksiko nglawan diktator Porfirio Diaz ingkang kelampahan nalika taun 1910 .

Emiliano Zapata dipunanggep minangka satunggiling pahlawan nasional Meksiko. Kutha, dalan, ugi perumahan ing Meksiko asring dipunparingi nama "Emiliano Zapata" lan potret tokoh puniki ugi nate dipunpasang ing arta peso Meksiko. Gerakan revolusioner Tentara Pambebasan Nasional Zapatista ingkang muncul wiwit taun 1994 ing Meksiko ugi mundhut namanipun saking Emiliano Zapata.

Latar wingking [ besut | besut sumber ]

Zapata dipunwiyosaken ing praja Morelos ing kidul Meksiko minangka katurunan campuran Indian - Spanyol . Panjenenganipun aktif mbela hak-hak sing ndunungi Indian ing Morelos ingkang pikantuk tindakan kirang adil saking para tuwan tanah salebetipun sistem hacienda . Salaminipun mataun-taun panjenenganipun ngupados nyengkuyung hak-hak sing ndunungi kasebat, sepindhah kanthi migunakaken prajanjian kuna Indian kangge ngrampungaken pasulayan agraria , dumugi ndhesek gubernur praja kangge mundhut tindakan. Pungkasanipun, amargi rumaos pamarentah tumindak alon sanget lan langkung mihak para tuwan tanah, Zapata wiwit mbentuk angkatan bersenjata ingkang mundhut alih tlatah-tlatah pasulayan.

Pranala njawi [ besut | besut sumber ]