한국   대만   중국   일본 
Eleanor Roosevelt - Wikipedia Menyang konten

Eleanor Roosevelt

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Eleanor Roosevelt (1933)

Anna Eleanor Roosevelt ( 11 Oktober 1884 ? 7 November 1962 ) punika Ibu Nagara Amerika Sarekat wiwit taun 1933 dumugi taun 1945 . Eleanor punika panyengkuyung kawicaksanan New Deal garwanipun, Presidhen Franklin D. Roosevelt , sarta gadhah peran minangka pejuwang hak sipil . Sasampunipun garwanipun tilar donya ing taun 1945, Eleanor tetep dados panulis lan pamicara wigatos kangge koalisi New Deal. Panjenenganipun ugi ngupados minggahaken drajat wanita buruh.

Ing taun 1940-an, Eleanor dados salah satunggiling pangadeg Freedom House lan nyengkuyung pambentukan Perserikatan Bangsa-Bangsa . Eleanor Roosevelt ngedegaken UN Association of the United States ing taun 1943 kangge ngempalaken panyengkuyung dhumateng dipunwangunipun PBB. Panjenenganipun dados wakil Amerika Sarekat dhateng Majelis Umum PBB saking taun 1945 dumugi taun 1952, dipuntunjuk dening Presidhen Harry S. Truman lan dipunsarujuki dening Senat Amerika Sarekat . Nalika wekdalipun ing PBB, Eleanor dados ketua komite ingkang ngrancang lan nyarujuki Pranyatan Umum ngenani Hak-Hak Asasi Manungsa . Presidhen Truman nelakaken bilih Eleanor punika "Ibu Nagari Donya", amargi jasanipun ing hak asasi manungsa . [1]

Referensi [ besut | besut sumber ]

  1. "First Lady of the World: Eleanor Roosevelt at Val-Kill" . National Park Service . Dibukak ing 2008-05-20 .

Pranala njawi [ besut | besut sumber ]