Demi Moore

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Demi Moore

Asma wiyosan Demetria Gene Guynes
Miyos ( 1962-11-11 ) November 11, 1962 (umur 61)
Roswell, New Mexico , AS
Pakaryan aktris
Taun aktif 1981 ?sapunika
Sisihan Freddy Moore (1980?1985)
Bruce Willis (1987?2000)
Ashton Kutcher (2005?2013)
Yoga Rumer Willis, (lair 1988)
Scout LaRue Willis (lair 1991)
Tallulah Belle Willis (lair 1994)
Tiyang sepuh Virginia King, Charles Harmon (ayah kandung), Danny Guynes (ayah tiri)

Demi Moore (lair 11 November 1962 ; umur 61 taun, jeneng asline Demi Gene Guynes ) ya iku aktris Amerikah Sarekat , Karire ora namung dadi aktris , uga dadi bintang model lan prodhuser filem. [1] Debut aktinge diawali nalika dheweke main akting dadi Rock Temptress ning filem IT'S NOT A RUMOR taun 1980 , lan perane nalika dadi Molly Jensen ning filem kang judhule GHOST kang diputer taun 1990 , pangalaman ning filem iki dadi pangalaman kang melegenda kanggo dhewekie. [1]

Moore iku bebrayanan karo aktor enom kang jenenge Ashton Kutcher kang duwe umur luwih enom 16 taun saka dheweke. [1] Bebrayanan karo Aston Kuther iki parkawinane kang kaping telu, sawise bebrayanan karo aktor Bruce Willis lan musisi rock Freddy Moore , kanthi cara cerai. [1] Moore lan Kutcher kanthi saiki durung duwe anak, nanging saka parkawinane karo Willis, dheweke duwe anak wadon telu. [1]

Ning umure kaping 48 taun, Moore anggawe filem kang judhule, MAGIC MIKE. [2] Film iki digarap bareng karo Steven Soderbergh .Kanca kang dadi tokoh baku ning fil iki ya iku Alex Pettyfer kang umure esih enom. [2] Carita saka filem iki diangkat saka kisah uripe Channing Tatum sadurunge dadi aktor Hollywood . [2] Miturut kisah kang ana, filem mau caritane babagan Channing, kang bakal diperanake dening Alex Pettyfer . [2] Channing kang tau dadi penari bugil sadurunge dadi aktor ning Hollywood . [2]

Cathetan suku [ besut | besut sumber ]

  1. a b c d e biografi domi moore dipununduh tanggal 12 Juli 2011
  2. a b c d e berita demi moore dipununduh tanggal 12 Juli 2011