한국   대만   중국   일본 
Desa - Wikipedia Menyang konten

Desa

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Aksara Latin
     

Cithakan:Wewengkon administratif paprentahan Indonesia

Desa
Desa terpencil ing benin

Desa (???) , miturut definisi universal, yaiku aglomerasi panggonan ing karang padesan (rural). Ing Indonesia , istilah desa iku kanggo wewengkon administratif ing Indonesia sing ana ing ngisore kacamatan lan dipandegani dening Kepala Desa . Kepala Desa iku racake diarani Lurah. Wiwit lumakune otonomi laladan istilah desa bisa karan mawa jeneng liya, upamane ing Sumatra Kulon karan nagari , lan ing Papua lan Kutai Kulon , Kalimantan Wetan karan kampung . Semana uga kabeh istilah lan institusi ing desa bisa karan kanthi jeneng liya miturut karakteristik adat desa mau. Bab iki dadi pangaku lan pangajining pamarentah marang mula buka lan adat enggonan.

Desa ing Indonesia [ besut | besut sumber ]

Miturut Peraturan pamarentah Nomor 72 Tahun 2005 ngenani Desa, karan yen desa iku kesatuan masarakat hukum sing duwe wates-wates wewengkon sing duwe wewenang kanggo ngatur lan ngurus kapentingan masarakat saenggon, miturut asal-usul lan adat istiadat saenggon sing diakoni lan diurmati sajeroning sistem paprentahan Nagara Kesatuan Republik Indonesia.

Desa iku dudu bawahan kacamatan, amarga kacamatan minangka peranganing perangkat laladan kabupaten/kutha, lan desa dudu peranganing perangkat laladan. Beda karo Kalurahan , desa duwe hak ngatur wewengkone luwih omber. Nanging sajeroning perkembangan sabanjure, sawiji desa bisa diowahi statuse dadi kalurahan.

Kawenangan desa yaiku:

  • Nyelenggarakake urusan paprentahan sing wis ana miturut hak asal usul desa
  • Nyelenggarakake urusan paprentahan sing dadi kawenangan kabupaten / kutha sing dipasrahake pengaturane marang desa, yaiku urusan paprentahan sing kanthi langsung bisa ngundhakake pelayanan masarakat.
  • Tugas pembantuan saka pamarentah, pamarentah Provinsi, lan pamarentah Kabupaten/Kuthta
  • Urusan paprentahan liya sing dpasrahake marang desa.

paprentahan Desa [ besut | besut sumber ]

Desa duwe paprentahan dhewe. paprentahan desa dumadi saka pamarentah desa (sing nyakup Kepala Desa lan Perangkat Desa) lan Badan Permusyawaratan Desa (BPD)