Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Chester Alan Arthur
(lair ing
Fairfield, Vermont
,
5 Oktober
1829
– pati ing
New York
,
New York
,
18 November
1886
ing umur 57 taun) yaiku wong
pulitikus Amerika
kang dadi
Presidhen Amerika Sarekat
kang ka-21, yaiku wiwit taun
1881
nganti tekan taun
1885
.
[1]
Sadurunge dadi Presidhen Amerika Sarekat, dheweke dadi
Wakil Presidhen
ing ngisore Presidhen
James Garfield
.
[1]
Dheweke diangkat dadi
presidhen
tanggal
19 September
1881
, nalika James Garfield mati dina iku, amarga ditembak. Dheweke uga dadi anggota
Parte Republik
.
[1]
Chester Arthur lair tanggal
5 Oktober
1830
.
[1]
Sadurunge dadi
Presidhen
, dheweke tau dadi
guru
, pengacara kang sukses, panegak Parte Republik ing
New York
, mbentuk bala rakyat ing nagara New York (ing awal mulane
Perang Sadulur Amerika
), Kepala Perangan Piranti (pengurus piranti bala kanggo medhan peperangan), lan Kepala Jawatan Bea Cukai ing New York (ngurusi panarikan telu-perpapate saka kabeh dhuwit
cuke
ing New York kang ditampa dening Pamarentah Federal) lan dadi wakil presidhen ing ngisore Presidhen
James Garfield
.
[1]
Sadurunge dadi Presidhen Chester Arthur bener-bener nglakokake
pulitik
, nanging dadi Presidhen, dheweke ora nganggo pulitik, lan dheweke uga ngorbanake kauntungan pulitik kanggo nglakokake tugase.
[2]
Masalah iki kang njalari rugi kang gedhe ing
parten
e, yaiku Parte Republik.
[2]