Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Charles Messier
(
26 Juni
1730
?
12 April
1817
) inggih punika
astronom
Perancis
ingkang kondhang amargi
katalog Messier
ingkang isinipun babagan obyek-
obyek langit dalam
, kaya ta
nebula
kaliyan
gugus bintang
, iangkang gunggungipun ngantos 103 ingkang kawentar dados
Obyek Messier
. Messier sajatosipun tiyang ingkang mburu
komet
, katalog mau dipundamel kangge nuntun kaliyan mbentenaken watara obyek-obyek langit difus ingkang wonten ing posisi tetap kaliyan obyek langit ingkang pindah-pindah.
Messier manika miyos wonten ing
Badonviller
wonten ing wewengkon
Lorraine
,
Perancis
, putra kaping sedasa saking sadulur ingkang gunggungipun kalih welas, bapanipun Francoise B. Grandblaise, ibunipun Nicolas Messier, piyambakipun putra saking penegak hukum. Nem sadulur sampun seda nalika taksih enem, nalika taun 1741 bapanipun seda. Charles ingkang remen kaliyan astronomi amargi wonten
komet spektakuler berekor enam
nalika taun 1744 sarta wontenipun kadadosan
gerhana srengenge
cincin ingkang saged dipunpirsani saking kutha kelairan nalika tanggal
25 Juli
,
1748
.
Nalika taun 1751 piyambakipun nyambut damel kaliyan
Joseph Nicolas Delisle
, astronom
Angkatan Laut Perancis
, ingkang ngutus piyambakipun supados njagi kanthi primpen cathetan-cathetan pangamatanipun. Pengamatan kaping pisan Messier ingkang dipunsimpen awujud dhokumen punika njlentrehakan babagan transite
Merkurius
nalika tanggal
6 Mei
,
1753
.
Nalika tanggal 1764, piyambakipun dados anggota
Royal Society
, tanggal
30 Juni
1770
, Messier dipunangkat dados anggota Akademi Ilmu Pengetahuan Perancis.
Messier nate kapanggih tiga welas komet
[1]
:
- C/1760 B1 (Messier)
- C/1763 S1 (Messier)
- C/1764 A1 (Messier)
- C/1766 E1 (Messier)
- C/1769 P1 (Messier)
- D/1770 L1
(Lexell)
- C/1771 G1 (Messier)
- C/1773 T1 (Messier)
- C/1780 U2 (Messier)
- C/1788 W1 (Messier)
- C/1793 S2 (Messier)
- C/1798 G1 (Messier)
- C/1785 A1 (Messier-
Mechain
)