한국   대만   중국   일본 
Changchun - Wikipedia Menyang konten

Changchun

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Salah sijine pasar ing kutha Changchun

Changchun ( Hanzi prasaja : ?春; Hanzi tradhisional : 長春; pinyin : Changch?n) ya iku ibu kutha provinsi Jilin kang manggon ing w?tan laut Cina . [1] Changchun kalebu kutha kang dadi punjer indhustri otomotif nagara Cina . [1] Changchun duwe populasi kurang luwih pitung yuta wong. [1] Kutha Changchun iku kutha rada sithik polusine lan duwe sajarah kang apik. [1] Kurang luwih taun 1932 - 1945 kutha iki dadi ibu kutha Manchukuo kang dipanggedheni karo kaisar kang pungkasan ( the Last Emperor ), Pu Yi . [1] Nalika iku digawe uga miniatur Kota Terlarang utawa ( Forbidden City ). [1] Keledai lan grobak isih dadi piranti transportasi kang utama nganti saiki. [1] Nalika taun 2007 , Changchun dadi tuan rumah Asian Games Mangsa Dingin 2007 . [1]

Sajarah [ besut | besut sumber ]

Nalika taun 1800 , Kaisar Jiaqing saka wangsa Qing milih salah sawijine desa cilik ing sisih wetan kali Yitong lan menehi jeneng laladan iku "Changchun Ting". [1] Jeneng iki nalika taun 1889 , diganti dadi "Changchun Fu". [1] Nalika taun 1930 , penjajah Jepang nyerbu laladan wetan laut Cina , lan ngedegake nagara Manchuria kanthi Changchun kang dadi kutha krajan saka nagara iku. [1] Jeneng Changchun banjur diganti dadi Xinjing . [1] Sawise Republik Rakyat Cina mardika lan wiwit reformasi lan pulitik buka pintu lumaku, banjur kadadean owah-owahan ing Changchun. [1] Saiki, Changchun dadi kutha indhustri, agrikultura lan kutha dagang. [1]

Dha?rah Perkembangan Ekonomi Jiutai Changchun duwe upaya kanggo ngundhakake iklim investasi kanthi cara yasa dalan -dalan lan pipa banyu . [2] Saliyane iku uga kanthi masang lampu dalan lan nggawe sirkuit sumber listrik lan komunikasi. [2]

Cathetan suku [ besut | besut sumber ]

  1. a b c d e f g h i j k l m n indonesian.cri.cn Archived 2009-04-10 at the Wayback Machine .(dipunundhuh tanggal 16 Agustus 2011)
  2. a b cic.mofcom.gov.cn Archived 2015-06-03 at the Wayback Machine .(dipunundhuh tanggal 16 Agustus 2011)