한국   대만   중국   일본 
Casey Stoner - Wikipedia Menyang konten

Casey Stoner

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Casey Stoner

Casey Stoner ing mangsa MotoGP 2012
Warga negara   Australia
Miyos ( 1985-10-16 ) 16 Oktober 1985 (umur 38)
Miyos ing Southport , Queensland , Australia
Website caseystoner.com.au
MotoGP Record
Tim sapuniki Pensiyun
Nomer motor 27
Jawara Donya 2 ( 2007 )( 2010 )
Start 144
Menang 30
Podium 63
Pole positions 26
Fastest lap 24
Championship Points 1807
2012 Championship position Posisi 4 (225 poin)

Casey Stoner (lair ing Southport , Queensland , Australia , 16 Oktober 1985 ; umur 38 taun) ya iku salah siji pembalap MotoGP saka Australia . [1] Saiki Stoner melu ing tim Repsol Honda . Stoner miwiti melu balap motor dadi pambalap wild card ing Sirkuit Donington Park , nalika GP Inggris kelas 125cc taun 2001 . [1] Sawise mbalap ana ing kelas 125cc lan 250cc, Stoner banjur mlebu ana ing kelas MotoGP nalika taun 2006 lan lumebu tim LCR Honda . [1] Puncak karire ya iku taun 2007 nalika Stoner ing tim Ducati Marlboro lan bisa dadi juwara donya sing pisanan. [1] Sawise dadi juara donya taun 2007 banjur ana ing yaun 2008 , Stoner oleh kanugrahan gelar Young Australian of the Year kang diwenehke dening pamarentah Australia. [1]

Pribadi [ besut | besut sumber ]

Casey Stoner ya iku putra nomer loro saka pasangan Colin Stoner lan Bronwyn. [2] Casey nduwe mbakyu kang jenenge Kelly Stoner kang uga nduwe kasenengan lan kerep melu balapan montor amatir. Wiwit cilik, Stoner wis biyasa karo sing jenenge pit montor . Pit montor pisanan kang diduweni dicoba nalika umur 4 taun sawise diajari dening kangmase. [2] [3]

Kulawarga lan kanca [ besut | besut sumber ]

Adriana Tuchyna lan Casey Stoner ana ing GP Valencia 2009.

Casey Stoner ketemu karo Adriana Tuchyna, kang asale saka Adelaide nalika balapan MotoGP Australia 2003. [2] Nalika iku Stoner menehi tanda tangane ana ing wetenge Adriana. [2] Suwening-suwe Stoner lan Adriana bangun bale wisma bebarengan, lan saiki diwenehi momongan anak wadon siji. Laire anake Stoner jalari dheweke mutusake pensiyun saka donyaning MotoGP jalaran rumangsa iku donya kang bebayani, apa maneh nalika iku sapepadha pembalap MotoGP ya iku Marco Simonceli tiwas ing balapan seri Malaysia. Stoner banjur ngumumake yen dheweke bakal pensiyun sawise musim balap 2012.

Cathetan suku [ besut | besut sumber ]

  1. a b c d e "www.motogp.com" . Diarsip saka sing asli ing 2012-10-05 . Dibukak ing 2011-06-03 .
  2. a b c d Casey Stoner Biography oleh Tom Bapallaz - Penerbit: B-First Mizan; halaman 17
  3. www.caseystoner.com.au