Carolus Linnaeus

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Lukisan Carolus Linnaeus

Carolus Linnaeus (utawi, Carl von Linne ) ( 23 Mei 1707 - 10 Januari 1778 ) punika ngelmuwan Swedhen ingkang ndamel pondhasi kangge sistem klasifikasi taksonomi modern. Piyambakipun ugi salah satunggiling bapak ekologi modern.

Linnaeus punika ahli botani ingkang dipunmuleni ing jamanipun. Sasanesipun punika, piyambakipun ugi baud ing kathah basa. Linnaeus sasanesipun dados ahli botani ugi ngrangkep dados ahli zoologi saha dhokter .

Wikipedia
Wikipedia
Artikel punika, artikel dhasar ingkang kedah dipundarbeni sadaya basa.