한국   대만   중국   일본 
Bledheg - Wikipedia Menyang konten

Bledheg

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Petir kutha Piracibaba , Brazil
Contoh swara guruh

Ana masalah nalika muter barkas iki? Waca pitulung medhiya .

Bledheg yaiku tandha-tandha alam kang lumrahe ana ing mangsa udan yaiku nalika ing langit metu kilatan cahya kang mblerengi lan lumrahe dijenengi kilat kang mung sedhela lan lumrahe langsung ana swara Guntur . [1] Kang mbedakake lan kekarone ora bareng yaiku amarga ana bedane antarane karikatan swara lan karikatan cahya . [1] Bledheg awujud tandha-tandha alam kang bisa digolongake ana ing kapasitor raseksa, yaiku lempeng pisanan mega (bisa lempeng negatif utawa lempeng positif) lan lempeng kaping loro yaiku bumi (dianggep netral). [2] Kaya kang dingerteni kapasitor yaiku siji komponen pasif ana ing rerangken listrik kang bisa nyimpen energi ( energy storage ). [2] Bledheg uga bisa kadadean saka awan siji menyang awan sijine ( intercloud ), yaiku siji kang duwe momotan negatif lan awan liyane kang duwe momotan positif. [2] Bledheg kadadean amarga ana beda potensial antarane awan lan bumi utawa uga karo awan liyane. [2] Prosese amarga momotan ana ing awan kang obah kanthi teratur, lan ana ing pergerakane awan mau banjur berinteraksi karo awan liyane kang ndadekake momotan negatif banjur kumpul ana ing sisih, lan momotan positif kumpul ana ing sisih kang suwalike. [2] Yen beda potensial antarane awan lan bumi rada gedhe, mula banjur ana pambuwangan momotan negatif (elektron) saka mega menyang bumi utawa suwalike kanggo kasetimbangan. [2] Ana ing proses pambuangan momotan iki, meedhia kang dianggo elektron yaiku udara. [2]

Cathetan suku [ besut | besut sumber ]

  1. a b How cosmic rays trigger lightning strikes www.newscientist.com
  2. a b c d e f g "Video: Lightning protection for an Antenna www.airhive.net" . Diarsip saka sing asli ing 2007-09-28 . Dibukak ing 2011-07-15 .