한국   대만   중국   일본 
Bis - Wikipedia Menyang konten

Bis

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Benz-Omnibus, 1896
Bus Antar Kota

Bus utawa bis iku kendaraan gedhe mawa rodha , dipigunakake kanggo ngamot panumpang sing akeh. Istilah bus iki asale saka basa Latin , omnibus , sing tegese (kendaraan sing mandheg) ing kabeh (halte).

Sembarang kelas kendaraan roda gedhe sing digerakake dhewe sing dirancang kanggo nggawa penumpang, umume ing rute tetep bisa diarani bis. Dikembangake ing awal abad kaping 20, kanggo nyedhiyakake keluwesan rute sing luwih gedhe, iki minangka asil alami saka pelatih sing didorong jaran. Ing wektu saiki, bis ditetepake minangka kendaraan sing bisa nampung luwih saka 10 penumpang. [1]

Jinis [ besut | besut sumber ]

Coach / Motorcoach [ besut | besut sumber ]

Coach utawa motorcoach lumrahe awujud kendaraan sing dirancang kanggo lelungan adoh. Bus iki dipepaki kanthi kursi sing luwih nyaman, sawijine ruangan kanggo wadhah bagasi, lan mesin sing luwih gedhe. Kendaraan iki lumrahe luwih dhuwur tinimbang bus biyasa, lan dijangkepi nganggo AC , toilet, lan sistem audio/video.

Coaches / motorcoach iku kendaraan sing fleksibel lan bisa kanggo pariwisata, lelungan liburan utawa lelungan antar-kutha.

Bus tingkat [ besut | besut sumber ]

Bus wisata yaiku sawijine atraksi wisatawan sing umum ing kutha kutha gedhe.

Bus tingkat dirakit kanthi loro lantai supaya bisa ngamot luwih akeh panumpang. Dikenal minangka peranganing transportasi publik ing Jakarta lan uga ing saweneh kutha gedhe liya kaya ta London , Mumbai , Hong Kong , Singapura , Dublin , Berlin , Davis, California , lan Victoria, British Columbia .

Routemaster London yaiku modhel spesifik bis double-decker kang digunakake wiwit pertengahan taun 1950 wis dadi ikon kutha London . Bis iki duwe platform rear bukaan kanggo metu lumebune penumpang. Sopir manggon ing panggonan mirunggan, beda karo penumpang. Kang njaluki tarif yaiku kondektur bis kang mubeng njaluki marang penumpang. Routemasters sedang ditarik saka rutene banjur digantikekake bis tingkat kang luwih modheren utawa single-dek bis gandheng (ngisor). Nanging penumpang isih ngarapake anane bis iki kanggo sarute kanggo tujuan warisan.

Tambahan dhuwure kendaraan double-deck ndadekake menarik digunakake tur ing tengah dalan, apamaneh ing kutha-kutha ing sakabehing donya kang ora migunakake kendaraan double-deck kanggo layanan normal. Bis lumrahe digawe kanthi jendhela gedhe lan / utawa dek dhuwur kang kabuka kanggo nguduhake sudut pandang paling apik saka jero kendaraan.

Bus sekolah [ besut | besut sumber ]

Bus Sekolah Laidlaw

Bus sekolah kanggo ngamot bocah-bocah sekolah saka papan panggonane ( omah ) marang sekolah manawa papan panggenane luwih adoh yen lumaku. Ing AS bus sekolah padatane duwe warna kusus yaiku kuning lan dijangkepi karo lampu peringatan lalu lintas sarta dijangkepi pengaman liyane kang digunakake nalika para penumpang munggah utawa mudun saka bis. Bus sekolah padatane dioperasekake nganggo dhistrik sekolah utawa penyedia jasa bus sekolah kang dikontrak.

First Student ngenalake bis-bis kuning ing Karajan Manunggal. Nanging akehe pelayanan bis sekolah ditindakake kanthi nggunakake bis-bis biyasa.

Ing nagara-nagara liya, bis sekolah ora tansah warna kuning. Buenos Aires, lan kemungkinan uga bis-bis sekolah liyane ing Argentina diwenehi warna kuning tela lan ditulisi escolares .

Ing Jakarta tau dicoba diwanuhake bus sekolah dening pamrintah Jakarta , nanging proyek iki ora kasil amarga kerep ana penumpang kang dudu murid sekolah uga tumut nggunakake. Saweneh sekolah swasta ing saweneh papan ing Indonesia menehi pelayanan bis sekolah kanggo siswa-siswane.

Bus belajar [ besut | besut sumber ]

Bus belajar yaiku sawijine bis mirunggan kang digunakake perusahaan bis kanggo nglatih kaprigelan nyupir para sopir bis. Bis iki uga minangka nglatih wong kang pengin dadi sopir bis. Latian nyupir bis ing dalan dadi perangan kang wigati saka pendhidhikan iki kaya gladhen nyupiri montor biyasa.

Pranala njaba [ besut | besut sumber ]

  • Pratelan Perusahaan Bus. Akeh prusahaan bus ing Indonesia, nanging mung sawatara sing duwe situs web, antarane:
  1. PO.Bhinneka-Sangkuriang Archived 2009-04-16 at the Wayback Machine .
  2. Bimo Transport
  3. Hiba Utama
  4. Kramat Djati
  5. Eka Sari Lorena dan Ryanta Mitra Karina Archived 2009-03-23 at the Wayback Machine .
  6. Nusantara
  7. Pahala Kencana Archived 2009-02-09 at the Wayback Machine .
  8. Rosalia Indah Archived 2009-02-10 at the Wayback Machine .
  9. OBL Safari Dharma Raya
  10. Sedya Mulya Archived 2009-04-04 at the Wayback Machine .
  11. Puspa Jaya Archived 2010-04-28 at the Wayback Machine .


  1. Sajarah Bus