Biksu

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Bhiksu )
Biksu ing Sri Lanka .

Biksu , biku , utawi wiku ( biksuni , bikuni , utawi wikuni tumrap wanita) inggih punika pandhita agami Buda . Tembung biku punika asalipun saking basa Pali .

Biksu punika tiyang ingkang gesangipun dipunsengkuyung umat, mliginipun para brahmana wonten ing salebeting asrama utawi tataran kaping sekawan. Para brahmana ing tataran punika sadaya tetedhanipun asal saking sedhekah.

Ing tulisan Pali, ' samsare bhayam ikkhatiti bhikkhu '. Tegesipun wong ingkang ajrih marang bebayanipun tumimbal lair. Gesangipun para biksu dipunsengkuyung umat lan gesangipun wonten ing wiyara. Ing agama Buda, biksu iku kados ta guru kangge sadaya tiyang Buda. Mila, para biksu kedah dipunajeni sadaya tiyang Buda.