Basa Walanda

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Basa Walanda
Nederlands, Vlaams
Pronunciation [?neːd?rl?nts]
Dituturake ing Mligine Nederlan , Belgia , lan Suriname ; uga Aruba , Surasyao , Santo Martin , saha Prancis ( Flander Prancis ).
Wilayah Mligine Eropa Kulon , saiki uga Afrika , Amerika Kidul lan Karibia .
Gunggung panutur 220 yuta
Rumpun basa Cithakan:Infobox Language/genetic2
Sistem tulisan Latin ( Alfabet Walanda )
Braille Walanda
Status resmi
Basa resmi ing   Aruba
  Belgia
  Curacao
  Walanda
  Sint Maarten
  Suriname
Beneluk
Uni Eropa
Sarekat Bangsa-Bangsa Amerika Kidul
CARICOM
Regulated by Nederlandse Taalunie
( Sarekat Basa Walanda )
Kodhe basa
ISO 639-1 nl
ISO 639-2 dut (B) Cithakan:Infobox Language/terminological
ISO 639-3 variously:
nld  ? Walanda/ Flam
vls  ?  Flam Kulon (Vlaams)
zea  ?  Zealandis (Zeeuws)
{{{mapalt}}}
Wewengkon abasa Walanda (kalebu tlatahing basa kang saduluran, basa Afrikans)



Basa Walanda iku basa Jermanik Kulon kang dipituturake dening 20 yuta jiwa ing saindhenging donya. Sajeroning basa Walanda, basa iki karan het Nederlands utawa de Nederlandse Taal . Sajeroning Basa Inggris karan Dutch utawa the Dutch Language .

Klasifikasi [ besut | besut sumber ]

Basa Walanda lan uga basa Inggris sarta basa Jerman, kalebu minangka peranganing kulawarga basa Jermanik Kulon kang gedhe. Nanging sajeroning kulawarga basa iki, basa Walanda kanthi relatif bisa dianggep cilik. Sifat khas basa Walanda yaiku dhasare. Basa Walanda dhedhasar basa Frankia Hilir.

Biyen, nalika suku-suku Jerman teka manggon ing sungapan Kali Rhein , Kali Maas lan Kali Schelde , kaum Frankia yaiku kang paling dominan lan pengaruhe gedhe dhewe kanggo tuwuhing basa Walanda ing tembe mburi tinimbang suku-suku kang isih cedhak perkerabatane kaya dene suku Frisia lan Saxon kang luwih akeh urip ing pasisir wektu semana, mligi manggon ing sisih wetan Kali IJssel . Amarga saka iku kakerabatan antara basa Walanda lan basa Jerman cedhak banget. Bebarengan karo basa Jerman Hulu (basa Jerman baku) lan basa Jerman Hilir, kang ora adhedhasa basa Frankia, basa Walanda kalebu apa kang karan kulawarga basa Jermanik Kulon-Kontinental. Kulawarga iki minangka cawang saka basa Jermanik lan basa Jermanik dhewe minangka cawang saka basa Indo-Eropa .

Sajarah [ besut | besut sumber ]

Faksimile : Abent omnes uolucres nidos inceptos nisi ego e tu. Hebban olla uogala nestas bigunnan hinase hi(c) (e)nda thu...uug....mb ada....e nu.

Suwe banget dipercaya yen bukti Basa Walanda tuwa dhewe iku awujud ukara iki:
“Hebban olla vogala nestas bigunnan hinase hic enda thu wat unbidan we nu” .
Sajeroning Basa Walanda moderen:
“Hebben alle vogels nesten begonnen behalve ik en u. Waarop wachten we nog?”
Tegese:
“Kabeh manuk wis gawe susuh kajaba aku lan kowe, apa kang kita tunggu?”.

Ukara iki kira-kira ditulis ing taun 1075 dening sawijining biarawan Flandria ing Rochester , Inggris .

Nanging nyatane saiki tinemu ukara-ukara kang luwih tuwa maneh.

Banjur karya sastra pisanan kang ana yaiku Karel ende Elegast , sawise iku basa Walanda tansaya akeh tinulis.

Deleng uga [ besut | besut sumber ]

Wiktionary
Wiktionary
Pirsani informasi ngenani Basa Walanda ing KamusWiki .

Cithakan:Basa resmi Uni Eropa