Basa Ubykh

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Basa Ubykh utawa Ubyx iku sawijining basa Kaukasia Lor-Kulon kang saiki wis cures, nanging biyen dipituturake dening bangsa Ubykh ing pasisir Sagara Ireng, saloring Abkhazia. Bangsa Ubykh kabeh ijrah masal menyang Turki ing dasawarsa 1860-an.

Basa Ubykh iku ergatif lan aglutinatif lan ndrabeni akeh konsonan, kamangka vokale namung loro wae. Cacahe konsonan nganti sakiwatengene 80.

Basa iki misuwur, dene panuture pungkasane Tevfik Esenc , tilar donya ing taun 1992, nanging begjane kawruhe bab basa iki wis karekam lan katulis.