한국   대만   중국   일본 
Basa Malayu Manado - Wikipedia Menyang konten

Basa Malayu Manado

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Cithakan:Infobox Language/IPA notice
Basa Melayu Manado
Bahasa Manado
Dituturake ing Indonesia
Wilayah Sulawesi Lor
Gunggung panutur 850,000 (2001)
Rumpun basa Melayu Kreol
  • Basa Melayu Manado
Kodhe basa
ISO 639-1 None
ISO 639-2 ?
ISO 639-3 xmm

Basa Malayu Manado atawa kang sok karan basa Menado wae ya iku basa kang dituturake ing Kutha Manado , Bitung , Tomohon , Kabupaten Minahasa , Minahasa Kidul , Minahasa Lor , Minahasa Kidul-Wetan , Bolaang Mongondow lan Provinsi Gorontalo [1] [2] . Rupa dhialek basa Malayu iki uga ana padha-padhane kayadene ing Sulawesi Tengah lan Maluku . Sakehe tembung-tembung ing basa Manado iki padha karo tembung-tembung ing basa Indonesia. Amarga basa iki mung dienggo kanggo basa lesan, dadi durung ana standar ortografi atawa ejaan kang sah.

Basa Malayu iki lair sing lingkungan masarakat Manado kang multietnik lan multikultur minangka basa ibu ing kutha Manado. Kayadene wong Minahasa, Sangihe, Talaud, Gorontalo, Jawa, lan Ambon. Amarga iku basa Manado iki akeh dhialeke, salah sijine dhialek Borgo kang dituturake wong Borgo ning kutha Manado [3] .

Conto tembung basa [ besut | besut sumber ]

  Basa Jawa Basa Manado
t.ganti wong kesiji tunggal aku kita
t.ganti wong kesiji jamak kita torang
t.ganti wong keloro tunggal kowe ngana
t.ganti wong keloro jamak kowe ngoni
t.ganti wong keloro tunggal dheweke dia
t.ganti wong ketelu jamak dheweke dorang

Rujukan [ besut | besut sumber ]

  1. Najoan, J.A. Karisoh dkk (1981). Morfologi dan Sintaksis Bahasa Melayu Manado . Jakarta: Pusat Pembinaan dan Pengembangan Bahasa Departemen Pendidikan dan Kebudayaan.
  2. "Malay, Manado" . Ethnologue . Dibukak ing September 27, 2017 .
  3. Masengi, Nonce; Arbie, Rosijanih (Juni 20, 2012). "Eksistensi Bahasa Melayu Manado sebagai Bahasa Ibu dalam Kebhinekaan Budaya". SIBI 2012 .