한국   대만   중국   일본 
BMW - Wikipedia Menyang konten

BMW

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
BMW
Industry aviation engineering
manufacture of motor vehicles  Edit this on Wikidata
Headquarters
Revenue 142.610.000.000 Euro (2022)  Edit this on Wikidata
13.999.000.000 Euro (2022)  Edit this on Wikidata
18.582.000.000 Euro (2022)  Edit this on Wikidata
Total assets 228.034.000.000 Euro (2019)  Edit this on Wikidata
Number of employees
149.475 (2022)  Edit this on Wikidata
Website www .bmw .com   Edit this on Wikidata

BMW Seri 1 kang digawe taun 2004 ya iku montor BMW kang paling cilik. [1] Ana loro modhel kanggo montor jinis iki ya iku koupe/konvertibel (E82/E88) lan hatchback (E81/E87). [1] Seri 3 kalebu ing montor kompak eksekutif , Mobil BMW iki wiwit digawe nalika taun 1975 , dene saiki kalebu generasi kang kalima saka ( BMW E90 ); modhel-modhel kang ana kaya ta sedan sport (E90), station wagon (E91), koupe (E92), lan konvertibel (E93). [1] Seri 5 ya iku sedan eksekutif mid-size , kang ana uga ing versi sedan (E60) lan station wagon (E61). [1] Seri 5 Gran Turismo (F07) kang wiwit digawe nalika taun 2010 bakal dadi mobil kelas station wagon lan crossover SUV . [1] Mobil BMW dijenengi kanthi sistem jeneng kang tinamtu, lumrahe telung digit angka banjur siji utawa loro huruf. [2] Angka kang kapisan iku nomer seri montor. [2] Dene angka loro sawise iku lumrahe dadi ukuran gedhene kapasitas mesin ing cc kang dibagi 100. [2] Sanajan ngono mobil BMW kang digawe akir-akir iki migunakake rong nomer mburi kanggo indeks performa, kaya ta seri 116i, 118i lan 120i (kabeh montor iki nganggo mesin bensin 2.0L), kaya ta 325d lan 330d (loro-lorone nggunakake mesin 3.0L diesel) kang nggunakake blok mesin padha nanging tenagane beda amarga setup lan turbocharger . [2]

Cathetan suku [ besut | besut sumber ]

  1. a b c d e newbmwseries.com/ Archived 2011-07-14 at the Wayback Machine .(dipunundhuh tanggal 8 Agustus 2011)
  2. a b c d [ http://www.bmw.ca bmw.ca](dipunundhuh tanggal 8 Agustus 2011)