한국   대만   중국   일본 
Ariel Sharon - Wikipedia Menyang konten

Ariel Sharon

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Ariel Sharon
????? ????
Ariel Sharon


Mangsa jabatan
7 Maret 2001  –  14 April 2006
(Ora aktip wiwit tanggal 4 Januari 2006 )
Presidhen Moshe Katsav
Deputi Ehud Olmert
Didhisiki dening Ehud Barak
Diganti dening Ehud Olmert

Miyos 26 februari 1928
Kfar Malal , British Mandate of Palestine
Tilar donya 11 januari 2014
Tel Aviv , Israel
Partai pulitik Kadima (sadurunge Likud lan Shlomtzion )
Garwa Margalith (seda 1962);
Lily Sharon (seda 2000)
Agami Yahudi

Ariel Sharon Ngenani wuni iki  Ariel Sharon   ( Basa Ibrani : ???????? ??????? , uga dikenal karo jeneng Arik ) ( 26 Februari 1928 , Kfar Malal - 11 januari 2014 , Tel Aviv ) ya iku pulitikus lan jenderal Israel . [1] Dheweke mengku kalungguhan dadi Nayakotama Israel wiwit 7 Maret 2001 nganti tekan 14 April 2006 . [1] Kakuwasane dadi nayakotama banjur diganti dening Nayakotama (sauntara) Ehud Olmert marga dheweke kena stroke nalika sasi Januari 2006. [2] Ariel ngalami koma kanthi wektu kang suwi, kang ndadekake ora bisa ngayaji tugas dadi pemimpin paprentahan. [2] Ariel lair ing Kfar Malal ( Mandat British Palestina ) lan tampil dadi pemimpin pulitik uga militer kebangsaan Israel . [1] Sharon uga tau njabat dadi pemimpin Likud , parte gedhe dhewe ana ing koalisi pamarentah parlemen Israel, Knesset , nganti tekan mundur saka parte iku tanggal 21 November 2005 . [1] Dheweke banjur ngadegake parte anyar kang jenenge Kadima . [1] Sasuwene telung puluh taun Sharon dines dadi anggota Angkatan Bersenjata Israel . [1] Pangkate kang paling dhuwur ya iku Mayor Jenderal . [1] Sharon dadi misuwur ana ing Israel amarga dheweke melu sajeroning Perang Enem Dina nalika taun 1967 lan Perang Yom Kippur nalika taun 1973 . [1] Ariel Sharon uga duwe tanggung jawab ana ing tragedi pembantaian Qibya nalika tanggal 13 Oktober 1953 . [2] Ana ing jaman iku 96 wong Palestina mati dening Unit 101 kang dibawahi Sharon lan pembantaian Sabra lan Shatila ing Libanon nalika taun 1982 kang nyebabake antarane 3.000-3.500 jiwa mati, amarga prakara iki banjur dheweke dijuluki dadi 'Tukang Jagal saka Beirut '. [2] Seda ing 11 Januari 2014, Duwe ngginakaken 8 taun koma. [3] Dheweke panguburan nagara lan disarekake ing jejere bojone kang kapindho Lily ing para ranch. [4]

Cathetan suku [ besut | besut sumber ]

  1. a b c d e f g h "Biografi Ariel Sharon - Data perjalanan karier di militer dan bidang pulitik" . Diarsip saka sing asli ing 2018-08-15 . Dibukak ing 2011-08-20 .
  2. a b c d Profil Ariel Sharon di YnetNews
  3. Israel's ex-PM Ariel Sharon dies, aged 85
  4. Ariel Sharon laid to rest near Negev ranch