Areng watu

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Conto batu bara

Areng watu (krama areng sela ) utawa setingkul yaiku sawijining watu bahan bakar fosil . [1] Arti umum yaiku watu kang bisa kanggo bahan bakar , asale saka endhapan organik, yaiku saka sisa tuwuhan lan kadhapur liwat proses pembatubaraan . [1] Unsur-unsur mligi saka karbon , hidrogen lan oksigen . [1]

Batu bara uga tunggale watu organik kang duwe sipat-sipat fisika lan kimia kang kompleks kang bisa ditemoni ing maneka bentuk. [1]

Analisa unsur menehi cara formula empiris kaya C 137 H 97 O 9 NS kanggo bituminus lan C 240 H 90 O 4 NS kanggo antrasit . [1]

Pambentukan areng watu mbutuhake kahanan-kahanan mirunggan lan mung bisa ing jaman-jaman kang ora mesthi saanane sajarah geologi. [2] Jaman Karbon, kira-kira 340 (yuta taun kapungkur), yaiku jaman pambentukan batu bara kang paling prodhuktif kang meh kabeh dheposit batu bara ( black coal ) kang ekonomis kadhapur ing bumi sisih lor. [2] Ing jaman Permian kira-kira 270 yuta taun kapungkur, uga kadhapur endhapan-endhapan batu bara kang ekonomis ing bumi sisih kidul, kaya ta Australia , lan maju terus nganti jaman Tersier (70 - 13 yuta taun kapungkur) ing bumi. [2]

Kabeh unsur pambentuk batu bara yaiku saka tetuwuhan. Jinis-jinis tuwuhan pambentuk batu bara lan umure miturut Diessel (1981) yaiku:

Cathetan sikil [ besut | besut sumber ]

  1. a b c d e Batu Bara Archived 2011-08-17 at the Wayback Machine .(09 Agustus 2011)
  2. a b c d e f g h i j k l m n o Batu Bara Archived 2007-05-29 at the Wayback Machine .(09 Agustus 2011)