한국   대만   중국   일본 
Arecaceae - Wikipedia Menyang konten

Arecaceae

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Arecaceae (suku pinang-pinangan)
Kelapa Cocos nucifera
Klasifikasi ngelmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Magnoliophyta
Klas: Liliopsida
Ordho: Arecales
Famili: Arecaceae
Schultz-Schultzenstein
Genera

Akeh; pirsani pratelan marga anggota Arecaceae

Suku pinang-pinangan utawa Arecaceae minangka saklompok tetuwuhan ngembang kang akeh anggotane lan duwe aji sajeroning kauripan manungsa. Klapa dikenal dening kabeh wong ing tlatah tropika minangka tuwuhan sarwa guna. Semono uga aren lan pinang . Pamanfaatane nyakup meh kabeh perangan tuwuhan, nanging mligi wohe. Masarakat Indonesia, mligi ing Maluku , manfaatake tuwuhan iki minangka sumber panganan utama ya iku sagu kang dijupuk saka wit jinis Metroxylon sago , bab iki minangka kaunikan dhewe sajeroning babagan panganan pokok masarakat ing donya. Suku iki biyen dikenal minangka Palmae lan nyakup kabeh tuwuhan kang biyasa karan palma utawa palem .

Pamerian [ besut | besut sumber ]

Anggota suku iki relatif gampang dikenali dening wong biyasa.

Lumrahe awangun wit , grumbul utawa perdhu kanthi wit kang arang-arang duwe cawang lan tuwuh tegak mendhuwur. Tuwuh kanthi wit tunggal (umpamane klapa ) lan uga ana asing nggrumbul (umpamane salak ). Sawetara anggotane setengah mrambat utawa menek (contone rotan ).

Anggota-anggota golongan [ besut | besut sumber ]

Ing ngisor iki sawatara anggota Arecaceae kang wigati utawa dikenal sajeroning kauripan manungsa sadina-dina:

Barkas:ARENGA PINNATA.JPG
Wit Aren