Anumerta

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
     

Anumerta ( posthumous ) iku tindakan utawa kagiyatan sing kagandheng karo saweneh wong sing wis tilar donya.

Sajeroning konteks sing paling umum, anumerta racake digandhengake karo paweweh penghargaan marang wong, awit saka jasa-jasa sing wis diayahi, racake dening pamarentah utawa organisasi, nalika wong mau wis tilar donya.

Sajeroning donya ka militeran , paweweh gelar undhak-undhakan pangkat sak tingkat dianugerahake lan bisa uga marang wong sipil. Gelar anumerta sing paling misuwur ing Indonesia ya iku gelar sing dianugerahake marang sanga Pahlawan Revolusi sing palastra ing Jakarta lan Yogyakarta nalika prastawa pambrontakan G30S/PKI .

Sawetara penghargaan ora bisa dianugerahake kanthi anumerta, umpamane Bebungah Nobel .