Andalusia

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Comunidad Autonoma de
Andalucia
Flag of Andalusia Coat-of-arms of Andalusia
Gendera Dhaerah Lambang Dhaerah
Sesanti : Dominator Hercules Fundator

Andalucia por si, para Espana y la humanidad
(Andalusia kanggo awake dhewe, kanggo Spanyol, lan kanggo umat manungsa)

Himne Dhaerah: La bandera blanca y verde
Kutha krajan Sevilla
Wewengkon
 ? Total
 ? % saka Spanyol
Peringkat angka 2
  87.268 km²
 17,2%
Padunung
 ? Total (2005)
 ? % dari Spanyol
 ? Kapadhetan
Peringkat angka 1
 7.849.799
 17,9%
 89,95/km²
Demonim
 ? basa Inggris
 ? basa Spanyol

 Andalusian
  andaluz, andaluza
Statuta Otonomi 11 Januari 1982
Perwakilan
parlemen

 ? Kursi Konggres
 ? Kursi Senat
 62
 8
Presidhen Jose Antonio Grinan Martinez ( PSOE )
Junta de Andalucia

Andalusia ( basa Spanyol : Andalucia ) iku komunitas otonomi Spanyol . Andalusia iku wewengkon otonomi kang paling padhet kang ndunungi lan kang kaloro gedhe dhewe saka 17 wewengkon kang amangun Spanyol. Kutha krajane ya iku Sevilla .

Andalucia diwatesi, ing sisih lor dening Extremadura lan Castilla-La Mancha ; ing sisih wetan dening Murcia lan Sagara Tengah ; ing sisih kulon dening Portugal lan Samodra Atlantik (kidul-kulon); ing sisih kidul dening Sagara Mediterania (kidul-wetan) lan Samodra Atlantik (kidul-kulon) kahubungake dening Selat Gibraltar ing pucuk kidul kang misahake Spanyol karo Maroko . Uga ing sisih kidul tlatah iki wewatesan karo Gibraltar , koloni Karajan Manunggal .

Masjid Cordoba

Jeneng Andalusia asal saka jeneng basa Arab "Al Andalus", kang tegese peranganing jazirah Iberia kang biyen ana ing ngisor paprentahan Muslim . Sajarah Islam Spanyol bisa tinemu ing "gapura" al-Andalus . Tartessos , kutha krajan Peradaban Tartessos kang biyen agung lan kuwasa, dumunung ing Andalusia, lan kaloka sajeroning Alkitab kanthi jeneng Tarsus. Luwih akeh informasi bab wewengkon iki bisa tinemu sajeroning entri Hispania Baetica , jeneng provinsi Romawi kang biyen dumunung ing wewengkon iki.

Budaya Andalusia akeh kadayan dening paprentahan Muslim ing wewengkon iku sajeroning wolung abad, kang pungkasan taun 1492 kanthi penaklukan Granada dening ratu lan ratu Katulik.

Basa Spanyol kang digunakake ing bawana Amerika lumrahe minangka turunan saka dhialek Andalusia saka Spanyol Castilian amarga peranan kang dimainake dening Sevilla minangka "gapura" menyang wewengkon-wewengkon Spanyol ing Amerika ing abad angka 16 lan 17.

Andalusia misuwur dening arsitektur Moor-e. Monumen-monumen misuwur ing Andalusia antarane Alhambra ng Granada , Mezquita ing Cordoba lan menara Torre del Oro lan Giralda ing Sevilla lan Reales Alcazares ing Sevilla. Sisa-sisa dhudhukan arkeologis, kalebu Medina Azahara , cedhak Cordoba lan Italica , cedhak Sevilla.

Masakan Andalusia misuwur amarga akeh migunakake iwak lan kerang , panganan panutup e, lan sherry ne kang kawenytar sadonya.

Andalusia diperang dadi wolung provinsi kang dijenengake miturut kutha krajan provinsi-provinsi mau:

Kutha-kutha Andalusia liyane ya iku:

Andalusia iku minangka panggonan laire musik flamenco lan adu bantheng .

Dina Andalusia dirayakake saben tanggal 28 Februari .

Uga delengen [ besut | besut sumber ]

Pranala njaba [ besut | besut sumber ]


Wilayah otonomi Spanyol ( comunidades autonomas ) Gendéra Spanyol
Andalusia | Aragon | Asturias | Kapuloan Baleares | Pais Vasco | Kapuloan Canary | Cantabria | Castile–La Mancha | Castile–Leon | Catalunya | Extremadura | Galicia | Madrid | Murcia | Navarra | La Rioja | Valencia | Ceuta | Melilla | Plazas de soberania