Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Aluminium
(utawa
aluminum
) yaiku
unsur kimia
. Lambang aluminium iku
Al
, lan nomer atome 13. Aluminium iku
logam
paling akeh.
Aluminium wujud konduktor
listrik
kang apik, padhang lan kuwat. Minangka konduktor kang apik uga tumrap panas. Bisa uga ditempa dadi lembaran utawa ditarik dadi kawat. Tahan
korosi
.
Aluminium dipigunakake kanggo warna-warna kaperluan, antarane kanggo gawe kabel tegangan dhuwur. Uga akeh dipigunakake kanggo gawe wengku cendela lan awak
montor mabur
. Ditemokake ing omah wujud
panci
,
botol ombenan
, tutup
botol susu
lsp. Aluminium uga dipigunakake kanggo nglapisi lampu montor lan
''compact disks''
.