한국   대만   중국   일본 
Afrodhisiak - Wikipedia Menyang konten

Afrodhisiak

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Afrodhisiak  ya iku dat kang ngundhakake libido nalika dikonsumsi. Afrodhisiak iku beda karo dat-dat kang ana hubungane karo prakara-prakara fertilitas (kesuburan) kaya ta impotensi utawa dhisfungsi seksual kapindho kaya ta dhisfungsi ereksi (ED).

Istilah iki dijupuk saka   Greek ?φροδισιακ?ν, aphrodisiakon , i.e. "seksual, aphrodisiac", saka  aphrodisios , i.e. "ana hubungane karo  Afrodhit ", [1] [2]  Dewi Asmaraning Yunani.

Teksiraning Kwalitete Afrodhisiak [ besut | besut sumber ]

Saturut sujarah, akeh jinising panganan, inuman, lan kelakuan-kelakuan kang duwe reputasi kang bisa gawe cumbana luwih nyandhak lan/utawa nyenengake. Nanging, saka panemu ngelmiah lan sujarah, kasiyat-kasiyat iku mau mungkin mung kapercayan kang mangan / ngombe manawa barang-barang iku mau mujarab ( efek plasebo ). Perlu dicathet manawa akeh usada kang dilaporke bisa marahi libido ing kaanan kang ora temtu utawa idiopatis: ngundhakake utawa mudhunake kekarep sacumbananne wong gumantung marang kaanan subyek iku mau. Bab iki banjur marai proses teksirane iku mau dadi angel. Contone, Bupropion (Wellbutrin) uga kaloka minangka obat anti-depressant kang bisa netralake efek kang mudhunake libido saka obat liyane kang diresepake dokter. Nanging, amarga Wellbutrin mung ngundhakake libido ing kadadean mirunggan kang sadurunge uwis cacat dening obat-obat liya, obat iki adate ora kagolong minangka sawiji aphrodisiac.

Conto-conto Afrodhisiak [ besut | besut sumber ]

Testosteron [ besut | besut sumber ]

Libido iku cetha ana gayutane karo tataraning hormon seks, mligi testosteron. [3] Nalika kasrat cumbana suda kedadean ing sawiji uwong kang tataran testosterone [4]   cendhek (e.g., ibu-ibu sawise menopause utawa bapak-bapak kang umure punjul 60 taun 60 [5] ), suplemen-suplemen testosteron asringe bisa ngundhakake libido. Pendekatan nganggo using saweneh precursors  kang niyate ngundhakake tataran testosteron uwis diarani efektif kanggo bapak-bapak kang uwis tuwa, [6] nanging ora bisa ngasilake hal kang padha nalika diteske marang golongan liya. [7]

Rujukan [ besut | besut sumber ]

  1. ?φροδισιακ?ν .
  2. "aphrodisiac" . Online Etymology Dictionary .
  3. R. Shabsigh (1997). "The effects of testosterone on the cavernous tissue and erectile function". World J. Urol . 15 (1): 21?6. doi : 10.1007/BF01275152 . PMID   9066090 .
  4. Goldstat, Rebecca; Esther Briganti; Jane Tran; Rory Wolfe; Susan R. Davis (September 2003). "Transdermal testosterone therapy improves well-being, mood, and sexual function in premenopausal women". Menopause . 10 (5): 390?8. doi : 10.1097/01.GME.0000060256.03945.20 . PMID   14501599 .
  5. Gray, P.B.; A.B. Singh; L.J. Woodhouse; T.W. Storer; R. Casaburi; J. Dzekov; C. Dzekov; I. Sinha-Hikim; S. Bhasin (2005). "Dose-dependent effects of testosterone on sexual function, mood, and visuospatial cognition in older men". J Clin Endocrinol Metab . 90 (7): 3838?46. doi : 10.1210/jc.2005-0247 . PMID   15827094 .
  6. Brown, G.A.; Vukovich MD; Martini ER; Kohut ML; Franke WD; Jackson DA; King DS. (2001). "Effects of androstenedione-herbal supplementation on serum sex hormone concentrations in 30- to 59-year-old men". Int J Vitam Nutr Res . 71 (5): 293?301. doi : 10.1024/0300-9831.71.5.293 . PMID   11725694 .
  7. Brown, G.A.; Vukovich MD; Reifenrath TA; Uhl NL; Parsons KA; Sharp RL; King DS. (2000). "Effects of anabolic precursors on serum testosterone concentrations and adaptations to resistance training in young men". Int J Sport Nutr Exerc Metab . 10 (3): 340?59. PMID   10997957 .