Eksonim lan endhonim

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Eksonim utawa xenonim iku jeneng manca kanggo sasana geografis, golongan wong, basa / dhialek . Jeneng umum sing mligi dianggo sajabane sasana, golongan wong, utawa masarakat basa sing dadi rembug lumrahe amarga ana alasan sujarahe.

Endhonim utawa otonim , sawalike, iku jeneng kanggo golongan wong, basane utawa dhialeke, utawa buwanane utawa sasana ing jerone sing asale saka anggota golongan etnobasa iku.

Istilah-istilah iku turun saka basa Yunani. Eksonim lan xenonim saka panambang- ?νομα ,- onoma ("jeneng"), lan ater-ater ?ξω -, ex? -("jaba"), lan ξ?νο?- , xenos- ("manca"). Ewadene, endhonim lan otonim asal saka ater-ater ?νδον-, endon- ("ing jero") lan α?το-, auto -("dhewe") kanthi panambang-?νομα, -onoma ("jeneng").

Marcel Aurousseau,  juru geografi Ostrali , iku wong kapisan sing nganggo istilah eksonim sajeroning karyane taun 1957, The Rendering of Geographical Names (cara Jawa: Pertalan Jeneng-Jeneng Geografis). [1] Istilah endhonim dicipta sawise minangka kosok balen eksonim.

Rujukan [ besut | besut sumber ]

Cathetan [ besut | besut sumber ]

  1. Marcel Aurousseau, 1957, The Rendering of Geographical Names , London, Hutchinson, pp. 2?3, and; Kelsey B. Harder, 1996, "The term", in: Ernst Eichler & Walter de Gruyter (eds), Namenforschung/Name Studies/Les noms propres. 2.