Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Konosuke Matsushita
(lair
27 November
1894
– pati
27 April
1989
ing umur 94 taun) ya iku wong kang ngedegake
Panasonic
nganti dadi sawijining
parusahan
gedhe nganti saprene.
[2]
Matsushita lair ing kulawarga prasaja
desa
Wasa
,
Jepang
, tanggal 27
November
1894.
[2]
Nalika diwasa, dheweke dadi sawijining wong kang katutup lan rada lara-laranen, mula ndadekake mangsa ngarepe dadi ora cetha.
[2]
Kaya-kaya dheweke ditakdirake urip kang kebak perjuangan.
[2]
Nalika umur sangang taun, dheweke nyambut gawe ing toko
sepedha
kanggo mbantu
kulawargan
e.
[2]
Jeneng perusahane ya iku
Panasonic
, dene jeneng sadurunge ya iku
Matsushita Electric Industrial Co.
Konosuke Matsushita lair tanggal 27 November 1894, ing sawijining desa mencil kira-kira limang menit yen ditempuh kanthi lumaku saka
Senda
, stasiun sepur tanpa panjaga ing jalur
JR Wakayama
(
Negi
, Prefektur
Wakayama
). Bapake, ya iku Masakusu lan ibune Tokue sayang banget lan ngugung anake sing siji iki, ya iku siji saka wolung seduluran, wolu anak lanang lan lima anak wadon. Jeneng kulawargane Matsushita, duwe teges "ing ngisor wit
pinus
", jarene amarga omahe ing ngisor wit
pinus
gedhe kang umure 800 taun. Minangka wong kang duwe sawah pertanian kang mung cilik, kulawargane mau kagolong kelas dhuwuran ing masarakat. Nalika isih cilik, dheweke rumangsa tentrem lan nyenengake, nanging kabeh mau ora kalaksanan kanthi suwe.
Patang taun kang wiwitan-Pungkasane Mangsa Tenang (1899)
[
besut
|
besut sumber
]
Amarga sawah tetanene digarap dening wong tani sewan, bapake Masakusu nggunakake wektune kang akeh kanggo pulitik lan aktivitas pamarentahan lokal. Dheweke iku tipe wong kang seneng nganakake panaliten kang isih nayar lan beda, kalebu berspekulasi ing pasar
beras
, kang nalika iku njanjeni untung kanti rikat lan wis mesthi. Nanging Masakusu ora duwe kawruh akeh ngenani investasi kang apik mula dheweke dadi rugi lan pungkasane bangkrut. Kulawargane kepeksa ngedol lemah lan omah kang wis diwarisake turun menurun mau lan kudu ninggal desa kanggo nyambut gawe ing kutha kang cedhak, ya iku
Wakayama
. Kanthi sisa dhuwit sithik mau sawise bayar
utang
lan panulunge kancane, Masakusu mbuka toko
bakiak
kayu. Nanging usaha mau amblas rong taun candhake. Ing taun 1902, dheweke lunga ing
Osaka
saperlu nyambut gawe ing sekolah swasta kang lagi dibuka kanggo anak-anak
tuna netra
lan
tuna grahita
.
[2]