한국   대만   중국   일본 
Pananggalan Gregoriyus - Wikipedia

Pananggalan Gregoriyus

(Kaelih saka Kalendher Gregorian )

Pananggalan Gregoriyus utawa Kalendher Gregoriyus iku pananggalan wektu sing paling akeh digunakake ing Donya Kulon . Pananggalan iki siji modhifikasi saka Pananggalan Julius . Sing pisan ngusulake iku ya dhoktor Aloysius Lilius , saka Napoli , Italia lan dituruti dening Paus Gregoriyus XIII ing titimangsa 24 Februari 1582 .

Pananggalan iki digawe amarga Pananggalan Julius digagas kurang akurat, amarga wiwitan mangsa semi ( 21 Maret ) saya maju dadi, parayan Paskah sing wis disarujuki wiwit Konsili Nicea I ing taun 325 ora tepat maneh.

Banjur ing taun 1582 , dina Setu 4 Oktober dituti karo dina Minggu 15 Oktober .

Prabedane karo Pananggalan Julius

besut

Sawijining taun ing Pananggalan Julius suwene ana 365,25 dina. Nanging amarga puteran bumi sing ngubengi srengenge suwene mung 365,2425 dina, mula saben sa- milenium , Kalendher Julius kaluwihan 7-8 dina. Masalah iki dipecahake carane nambahake karo dina-dina wuntu sing rada seje ing pananggalan anyar iki. Ing pananggalan Julius, saben taun sing bisa dibagi karo 4 dadi taun wuntu . Nanging ing pananggalan anyar iki mung taun sing bisa dibagi karo 100 dianggep taun wuntu, yen taun iki uga bisa dibagi karo 400 . Contone taun 1700, 1800 lan 1900 dudu taun-taun wuntu. Nanging taun 1600 lan 2000 iku taun wuntu.

Masalah anyar

besut

Sawise pananggalan Gregoriyus dicanangake, ora kabeh nagara gelem nganggo. Lagi pirang abad sawise iki, meh kabeh nagara kulon gelem nganggo. Ruslan contone lagi gelem nganggo ing taun 1918 . Dadi Revolusi Kuminis Ruslan sing saiki dipengeti saben 7 November , diarani Revolusi Oktober .

Greja Ortodoks nganti saiki isih nganggo Pananggalan Julius .

Liya-liya

besut

Wiwit tanggal 1 Januari 1622 , 1 Januari ditetapake dadi wiwitane taun. Sadurunge saben nagara seje-seje.

Sasi-sasi taun

besut
 
The knuckle mnemonic .
Saben taun dipara dadi 12 sasi
No. Jeneng Jumlah dina
1 Januari 31
2 Februari 28 (29 ing taun kabisat)
3 Maret 31
4 April 30
5 Mei 31
6 Juni 30
7 Juli 31
8 Agustus 31
9 September 30
10 Oktober 31
11 November 30
12 Dhesember 31

Pranala njaba

besut

Uga delengen

besut