Rumeni
(utawa
Romenia
) yaiku
nagara
ing kidul-wetan
Eropa
, ing laladan
Balkan
lan minangka siji-sijine nagara ing laladan iki sing basane turunan saka
basa Latin
.
Rumeni iku nagara
republik
demokratis
. Cabang
legislatif
paprentahan Rumania dumadi saka rong majelis,
Senat
(
Senat
), kang duwe 137 anggota (taun 2005), lan
Camera Deputatilor
(Majelis Endhek), kang duwe 332 anggota (taun 2004). Anggota saka majelis-majelis iki dipilih saben patang taun.
Presidhen Rumeni
, kepala cabang
eksekutif
, uga dipilih dening pilihan umum, saben limang taun. Presidhen nunjuk
mahamantri
, kang ngepalani paprentahan.
Rumeni dibagi dadi 41
judete
, utawa sejinis
provinsi
, lan siji kuthamadya:
Bukarest
(
Bucure?ti
) - kutha krajan nagara.
Ing ngisor iki pratelan provinsi Rumeni (urutan kanthi alfabet):