Wikipedia : Kaca panganggo

Sekang Wikipedia, Ensiklopedia Bebas sing nganggo Basa Banyumasan: dhialek Banyumas, Purbalingga, Tegal lan Purwokerto.

Kaca panganggo kuwe kaca khusus sing disediakna nang Wikipedia kanggo nampilkna informasine salah sijine panganggo Wikipedia. Detil awake Panjenengan, sebagai panganggo Wikipedia, kudune ora dilebokna maring kaca-kaca artikel Wikipedia, nanging dilebokna nang kaca iki. Deleng kaca panganggo Panjenengan nang kene .

Apa sing olih dilebokna nang kaca panganggo [ besut sumber ]

  • Kabeh sing ana hubungane karo aktivitas Panjenengan nang Wikipedia (kaya jurnal, rencana kerja, kutipan favorit, gambar favorit, artikel favorit, atawa opinine Panjenengan maring Wikipedia.)
  • Profil pribadine Panjenengan. Kudu dieling-eling, nek Wikipedia kuwe dudu penyedia layanan hosting situs pribadi gratis, tapi informasi secukupe tentang awake Panjenengan bakal berguna nang panganggo sejene ben bisa lewih ngenali Panjenengan. Tapi nek Panjenengan peduli karo kerahasiaan (privasi), bisa bae Panjenengan kepengin nggo ngumpetna informasi tertentu.
  • Bahasa asing sing Panjenengan ngerteni.
  • Kotak panganggo sing cocok karo Panjenengan.
  • Pranala maring situs web-e Panjenengan.
  • Gambar sing Panjenengan gawe.
  • panganggo liyane bisa bae bakalan nambahna gambar, bintang wikipedia, atawa penghargaan liyane.
  • Pemberitahuan nek hak nyuntinge Panjenengan lagi dicabut nang moderator.

Subhalaman panganggo [ besut sumber ]

Kurang lewih pada karokaca panganggo atawa kaca diskusi panganggo

  • Artikel sing lagi proses digarap / diterjemahna
  • Arsip kaca (atawa kaca diskusi)
  • Tes kaca atawa kotak njajal, kaya nggo nge-tes cithakan anyar
  • Bagian kaca panganggo Panjenengan sing cukup gedhe nggo didadekna kaca dhewek

Apa sing ora olih dicantumna nang kaca panganggo [ besut sumber ]

  • Blog sing ora ana hubungane karo wikipedia
  • Diskusi sing ora ana hubungane karo wikipedia
  • Informasi pribadi sing ora ana hubungane karo wikipedia
  • Opini pribadi sing ora ana hubungane karo wikipedia
  • Informasi tentang pribadine wong sejen tanpa seijin wong sing bersangkutan
  • Iklan bisnis atawa organisasi sing ora ana hubungane karo wikipedia (kaya pranala maring situs komersial atawa situs referral )
  • Materi liyane sing ora ana hubungane karo wikipedia
  • Materi sing nyerang penyunting liyane.
  • Permainan kata, lan hal-hal liyane sing termasuk "hiburan".
  • Gambar berkas sing ora berlisensi panganggoan adil .
  • Kategori atawa templat sing ora pantes (utamane sing kudune dienggo nang artikel lan semaceme).

Halaman panganggo wikipediawan sing liyane [ besut sumber ]

Kabeh wikipediawan nduwe kaca panganggonya dhewek-dhewek. Kabeh wikipediawan olih nyunting, nganggo, lan ngembangna kaca panganggone (termasuk sub-halaman panganggo) nduweke dhewek. Nyunting kaca panganggone wong sejen ora dianjurna (kecuali nek uwis genah-genah diwenehi ijin nang sing duwe kaca), kecuali kanggo hal-hal teknis misale mbalekna/mbeneri vandal, panganggoan cithakan sing ora pas, dll.

Deleng uga [ besut sumber ]

{{#if:||