Sekang Wikipedia, Ensiklopedia Bebas sing nganggo Basa Banyumasan: dhialek Banyumas, Purbalingga, Tegal lan Purwokerto.
Pahlawan
kuwe wong sing wani lan gelem berkorban kanggo mbelani sing bener, atawa pejuang sing gagah berani
[1]
. "pahlawan" kuwe asale sekang
basa Sansekerta
phala-wan
sing artine wong sing sekang njero awake ngetokna buwah (
phala
) sing
berkualitas
kanggo bangsa, negara, lan agamane. Nang jerone aturan resmi
Indonesia
[2]
[3]
,
pahlawan nasional Indonesia
yakuwe:
- Warga Indonesia sing uwis seda.
- Uwis mimpin lan nglakoni perjuangan nganggo senjata, perjuangan politik, atawa perjuangan nang bidang liyane kanggo nggutulna/ngrebut/njagani/ngisi kemerdekaan lan ngwujudna persatuan lan kesatuan bangsa.
- Uwis nglahirna
gagasan
atawa pemikiran gedhe sing teyeng nunjang pembangunan bangsa lan negara.
- Uwis ngasilna karya gedhe sing nekakna manfaat kanggo kesejahteraan masyarakat luas atawa ningkatna harkat lan martabat bangsa Indonesia.
- Pengabdian lan perjuangan sing dilakonine uwis mlaku meh selawase urip, ora mung sedela, lan nglewihi tugas sing dilakonine.
- Perjuangane nduweni jangkauan luas lan berdampak nasional.
- Nduweni konsistensi jiwa lan semangat kebangsaan/nasionalisme sing duwur.
- Nduweni akhlak lan moral sing duwur.
- Pantang menyerah
maring lawan atawa musuh..
- Ora nglakokna pegawean elek sing teyeng ngrusak nilai perjuanganne.
- ↑
Kamus Besar Bahasa Indonesia
(2001)
- ↑
Peraturan Presiden Nomor 33/1964 mengenai Penetapan Penghargaan dan Pembinaan terhadap Pahlawan
- ↑
Peraturan Presiden Nomor 5/1964 mengenai Pemberian Penghargaan/Tunjangan kepada Perintis Pergerakan Kebangsaan/Kemerdekaan