Yves Camille Desire Leterme
(lair ing
Wervik
,
6 Oktober
1960
) iku pulitikus Belgi, anggota Parte Kristen Dhemokrat Flandria (
CD&V
), lan wiwit
20 Maret
2008
dadi
Nayakotama
Belgi. Sadurunge dheweke wis dadi Wakil Nayakotama lan Mantri Keuangan, Reformasi Institusional, Perhubungan saha Urusan Sagara Lor ing paprentahan federal Belgi. Dheweke uga tau dadi Nayakotama Flandria lan Mantri Pertanian lan Perikanan Flandria.
Yves Leterme iku pilihan sing arep diangkat dadi Nayakotama Belgi sawise pemilu ing taun 2007. Ing tanggal
26 Juni
2007
, dheweke ngundhur dhiri saka kalungguhan Nayakotama Flandria lan diganti dening Kris Peeters. Ing tanggal 16 Juli 2007, Leterme ditunjuk dadi formatur koalisi paprentahan anyar. Nanging nganti tanggal 1 Dhesember 2007 ora bisa-bisa. Wusanane dheweke diangkat dadi Nayakotama ing tanggal 20 Maret 2008.
Latar wuri
besut
Yves Leterme iku lair ing Wervik cedhak wates antara
Prancis
lan
Belgi
. Bapane wong
Walonia
sing
abasa Prancis
kamangka ibune wong
Flandria
sing
abasa Walanda
. Yves dhewe bisa loro-lorone. Yves dididik mawa agama Katulik.
Yves Leterme omah-omah karo Sofie Haesen lan pinaringan putra telu.
Pranala njaba
besut