한국   대만   중국   일본 
Snoopy - Wikipedia

Snoopy ya iku tokoh fiksi kang wujud asu jinis beagle kang diingoni Charlie Brown ing strip komik Peanuts kang digawe Charles M. Schulz . [1] Nalika rong taun sawise tokoh Snoopy dikenal, tokoh Snoopy mung digambarake dadi asu biyasa, nanging sangsaya suwe Snoopy dadi karakter kang bisa ngomong. [1] Balon teks Snoopy isine babagan apa kang dipikirake snoopy, saengga Snoopy bisa ngomong. [1]

Snoopy
Tokoh Peanuts
Jinis lanang/wadon Lanang
Jeneg kulawarga Kakak/adik: Spike , Andy, Olaf
4 girik liyane
dhuweke: Charlie Brown
Pangisi suwara Bill Melendez
Pangisi suwara liya Robert Towers ,

Cam Clarke (ning panggung)

Ambal Warsa 28 Agustus

Asu kang diingoni Schulz nalika isih cilik, Snooky lan Spike didadekake modhel kanggo tokoh Snoopy. [1] Produser animasi Bill Melendez ngisi swara Snoopy lan uga Woodstock ing filem animasi kang digawe kanggo acara spesial ing tivi wiwit taun 1965 nganti 2006 . [1]

Sajarah

besut

Snoopy sepisanan digawe tanggal 4 Oktober 1950 (dina kaping 3 nalika digawene strip komik Peanuts kang sepisanan). [2] Nanging Snoopy lagi diwenehi keneng nalika tanggal 10 November ya iku ing sasi mburine. [2] Snoopy wiwitane arep diwenehi jeneng "Sniffy" [3] Jeneng Sniffy wis dianggo ing strip komik liyane. [3] Ing filem animasi, babagan kang dipikirake Snoopy uga ora diterangake nganggo omongan utawa tembung-tembung, nanging nganggo obahan lan ekspresi kaya dene pantomim . [2] Film mirunggan You're a Good Man, Charlie Brown and Snoopy!!! The Musical kalebu filem mirunggan awit ing filem iki Snoopy bisa ngomong. Nalika iku kang ngisi swara ya iku Robert Towers lan Cam Clarke . [2]

Identitas Snoopy minangka kirik beagle kang sepisanan dicithak ing strip komik nalika tanggal 5 Dhesember 1960 . [2] Nalika iku digambarake Snoopy lagi turu. [2] Saka gambar-gambar Snoopy kang paling dikenal ya iku gambar Snoopy lagi ngalamun dadi penulis . [2]

Cathetan suku

besut
  1. a b c d e Moliterni, Claude. 2003. Snoopy, Charlie Brown et les autres: L'album de famille de Schulz. ISBN=978-27-3242-681-5. Dipunundhuh tanggal 8 Juli 2011
  2. a b c d e f g Teks lengkap novel karya Snoopy It Was a Dark and Stormy Night Archived 2007-05-02 at the Wayback Machine .(dipunundhuh tanggal 8 Juli 2011)
  3. a b Moliterni, Claude. 1975. Peanuts Jubilee: My Life and Art With Charlie Brown and Others. Henry Holt & Co. Page 20. ISBN=0-0301-5081-7