한국   대만   중국   일본 
Hangeul - Wikipedia

Hangeul

aksara basa Koreya
(Kaelih saka Hangul )

Hangeul (Aksara Jawa: ???????? ) ( IPA : [?h?ːŋ??l] Ngenani wuni iki rungokna  ), iku alfabet utawa aksara kang dianggo nulis basa Korea . Hangeul diripta dening Raja Sejong Agung (1397-1450) nalika taun 1443 mangsaning Dinasti Joseon . Sanadyan tulisan Hangeul katon kaya tulisan ideografik (tulis sajeroning wangun 'simbol' kaya aksara Cina ), Hangeul sajatine minangka abjad fonetik . Alfabet Hangeul dumadi saka 24 aksara ( jamo )? 14 aksara mati (konsonan) lan 10 aksara urip (vokal). Satemene Hangeul isih duwe 3 konsonan lan 1 aksara vokal, nanging diwurungake. Saliyane kanggo nulisake basa Korea, Hangeul uga dianggo dening basa Cia-Cia , ing Sulawesi Kidul-wetan , Indonesia .

Hangeul
Tembung "Hangeul" ditulis sajeroning aksara Hangeul.
Jeneng Korea
Hangul 한글
Hanja (ora ana)
Alih aksara
Anyar
Hangeul
McCune-
Reischauer
Han'g?l

Sajarah besut

Hangeul diripta dening Raja Sejong kang Agung . Sabanjure, ing taun 1446, Hangeul ditampilake sajeroning wangun kapublikasi dipepaki nganggo pedoman wedharan rinci. Sejong menehi jeneng alfabet iku Hunminjeongeum ("Swara kang bener kanggo diajarake marang rakyat"). Alfabet iki saiki dijenengake Hangeul kang tegese "alfabet Han" utawa "alfabet Agung". Saben tanggal 9 Oktober ing Korea Kidul dipengeti minangka Dina Hangeul .

Kaunggulan besut

Saka 6000 basa kang dituturake ing donya wektu iki, mung 100 basa kang duwe aksara dhewe, salah sawijine ya iku Basa Korea kang migunakake sistem panulisan Hangeul. Hangeul iku siji-sijine aksara kang diripta dening individu dhedhasar teyori lan maksud kang wis direncana kanthi apik.

Dibandhing aksara bangsa liya, Hangeul ora didhasarake ing sawiji basa tulis utawa niru aksara liya, nanging unik khas Korea. Luwih-luwih, Hangeul minangka sistem panulisan kang asipat elmiah , didhasarake ing kawruh basa kang jero lan asas-asas filosofis saengga dadi praktis, gampang disinaoni, lan elok rupane.

Asas-asas Hangeul besut

Sajeroning saperangan gedhe sajarahe, rakyat Korea nulis nganggo aksara Cina ( Hanja ). Amarga basa tutur bangsa iki asal saka kulawarga kang beda, basa Korea ora bisa kanthi persis dituturake sajeroning aksara Cina. Sajeroning basa Cina , kalimat ditandhani nganggo partikel , dene sajeroning basa Korea, panambang dipigunakake kanggo nambah utawa modifikasi makna. Sanadyan ora nyaman, kaum bangsawan Korea ( yangban ) tetep nyengkuyung panganggoning hanja kanthi teguh.

Raja Sejong minangka pamimpin uga elmuwan , lan pelopor budaya . Liwat upaya mataun-taun, dheweke nliti unit dhasar Basa Korea migunakake kawegigane dhewe ing bab basa, lan wekasane kasil nganggit aksara kanthi wangun, Hunminjeongeum .

Tulisan ing Sejong Sillok , volume Joseon Wangjo Sillok (Babad Joseon) tanggal 30 Dhesember taun angka 25 masa Sejong kuwasa, unine:

Sasi iki, Raja wis ngripta 28 aksara Onmun (aksara tutur) kanthi pribadi...Sanadyan prasaja lan ringkes, aksara iki bisa ngasilake variasi-variasi ora kinira akehe lan dijenengake Hunmin Jeongeum.

Adhedhasar "Wedharan lan Conto-conto Hunmin Jeongeum" (1446): lambang konsonan dhasar kaentuk kanthi sistematis dhedhasar organ cangkem manungsa nalika ngucapake sawatara jinis swara , dene konsonan liya diwangun kanthi nambahake guratan ka 5 wangun dhasar.

Uga delengen besut